Pitutur Leluhur

avatar Rakyat Jelata

Solo, rakyatjelata.com

_Wong Nrimo, Uripe Dowo__Wong Sabar, Rejekine Jembar__Wong Ngalah,Uripe bakal Berkah_

_Sopo sing Jujur, uripe Makmur__Sopo sing Suloyo, uripe Sengsoro__Sopo sing Sombong, amale bakal Kobong__Sopo sing Telaten, bakal Panen_

_Ojo podo Nggresulo, mundak gelis Tuwo__Sing wis Lungo, Lalekno__Sing durung Teko, Entenono__Sing wis Ono, Syukurono__*Iki pituture wong tuwo, ojo nganti lali, eling-elingono lan lakonono..*_

_*Sehat kuwi yen :*__Awake waras,__Nduwe beras,__Utange lunas,__Mangan enak..__Turu kepenak..__Ngibadah jenak..__Tonggo semanak..__Keluarga cedhak..__Bondo cemepak..__Suwargo mbukak..__Sedulur grapyak..__Ono panganan ora Cluthak..__Ketemu konco grapyak__Ora seneng nggetak-nggetak__Gaweane ora mung macak__Opo maneh mung mencak-mencak__Karo konco yo semanak__Omongane ora tau sengak__Di rungokke yo kepenak__Di Utangi yo ora nolak lan ora manak_

Sapa Pagi

Editor : Admin Rakyatjelata